Sabtu, 05 November 2011

Gara-gara ana saluran













Waktune musim udan mesti kebanjiran dalane sampai pelataran umahe warga lingkungan RT 01/04 karo RT 04/03. Maklum sebagian tanahe luwih endhep. Sing parah maning sebelah kulone ana dalan rabat beton nanging saluran banyune keciliken dadi ora kuat nampung akehe banyu udan. Barang saiki ana saluran banyu sing didanai PNPM-P2KP sing akehe sepuluh juta, karuan warga padha seneng kabeh. Luwih-luwih sing umahe parek karo saluran. Sing biasane banyu mandeg ngecembong ning ngarep umah. Saiki mendhing banyu bisa mili lewat saluran. Bekas endongan sing ndadekna dalan becek saiki wis rada kurang.
Beda ana ing RW 01, salurane dimanfaatna ora mung kanggo buanganan banyu udan ananging uga kanggo mbuwang banyu sing umahe warga, kayata banyu kumbahan pakaian, banyu kumbahan prabotan pawon, banyu bekase wong sing kas adus lan liya-liyane. Sadurunge ana saluran, buangan banyu dibuang ning
mburine umah dewek-dewek. Sing akibate banyu ngecembong dadi sarange nyamuk. Alhamdulillah saiki wis mendhing.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar